Home

Senin, 30 Juli 2012

Posted by ARDY PRASETIYO | File under :


Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah. Bapak saha Ibu guru ingkang kinurmatan. Rencang-rencang ingkang kula tresnani. Sumangga tansah muji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wikan ingkang sampun paring kanugrahan arupi kawilujengan, rahmat tuwin hidayahnipun, pramila saged rawuh wonten ing papan menika.

Setunggal Kula badhe matur babagan kabudayan Jawi. Supados sampun ingkang sami-sami mangertos kathah sanget para wredha mudha mboten pinyambak menika kabudayan Jawi. Kabudayan Jawi menika kathah sanget ingkang sami purun nguri-uri supados mangertos sedaya para wredha mudha mboten remen kabudayan Jawi lan remen sanget kebudayan saking kulon utawi mancanegara ingkang mboten sami kaliyan kabudayan Jawi mboten sumbut tata krama Jawi nanging kabudayan kulon maringi kelakuan ala.

Kapindho Kula maringi pangertosan marang panjenengan sedaya ingkang saged supados mengertos kabudayan Jawi. Saderengipun nepangaken marang tiyang-tiyang kedah kula panjenengan sedaya rumiyen sinau utawi gladi babagan kabudayan Jawi, migunakake produk khas Jawi, asring migunakake basa Jawi ing padinan, nerapaken basa Jawi lan tata krama awit alit ingkang kathah sanget. Ingkang sampun, kula pamjenengan nepangaken tumprap masyarakat Jawi, Indonesia lan ugi mamcanegara kanthi sarana pagelaran utawi pameran kagem nguri-uri kabudayan Jawi.

Sementen riyen saking Kula. Kula minangka nyuwun pangapunten awit saestu mawantu kalepataning atur, pramila Kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamuaikum wr.wb

0 komentar:

Posting Komentar