Home

Senin, 02 Juni 2014

Posted by ARDY PRASETIYO | File under :
PIDATO BAHASA JAWA 

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan bapak saha ibu guru ingkang sampun rawuh wonten acara menika. Sepindah mangga langkung rumiyen kula lan panjenengan uga puja lan puji syukur dhumateng ngersaning Allah SWT. Ingkang paring rahmat saha hidayahipun. Sumangga saged jumeneng wonten papan mriki.

Kaping kaleh kula ngaturaken sholawat saha salam dhumateng junjungan kita sedanten Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun paring pituduh ingkang sae inggih menika kalampahan ingkang diridhoi Allah.

Bapak saha ibu guru ingkang kinurmatan, salejengipun wonten peringatan Isro’ Mi’jro menika. Langkung saenipun kula panjenengan mangertosi napa ingkang dhipun pikantuk kanjeng Nabi Muhammad SAW. Panjenengan sedanten saged ngelampahi Isro’ Mi’jro Nabi Muhammad nampi wahyu saking Allah kapurih ngelampahi sholat gangsal wekdal.

Bapak saha ibu ingkang kinurmatan langkung penting maleh napa tujuanipun sholat menika ingkang kedhah kita sami-sami mangertosi sumangga kita saged ngelampahi kanthi khusuk langkung jelasipun mangga kita perhatosaken firman Allah SWT ingkang artosipun jumenengno sholat. Sejatinipun sholat menika nyegah lelampahan keji lan mungkar.

Salejengipun kagem nutup unian pidato menika mangga saha langkung rumiyen nyuwun donga dhumateng Allah mugi-mugi napa ingkang kita lampahi sholat lan sedanten ibadah kita dipun ridho’I wonten donyo lan akhirat. Wasana cekap sementen nyuwun angenging pangapunten mbok mbilih wonten kalepatan.

Wassalamualaikum wr.wb