PIDATO BAHASA JAWA
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan bapak saha ibu guru ingkang sampun rawuh wonten acara menika. Sepindah mangga langkung rumiyen kula lan panjenengan uga puja lan puji syukur dhumateng ngersaning Allah SWT. Ingkang paring rahmat saha hidayahipun. Sumangga saged jumeneng wonten papan mriki.
![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgPRaUqzhTZNVwjG1v5mxbNkdfKewYF-JCsdyCRewb8LAqvE_pAzbS6PaZOXZ1jaTzZZxzV1TzfJUIOV9ZjUOr9Nt-bqq34zs_KnW9FQUxJLMr0opYKFnuVO29Vb0w5jFI7YI85lvVGMYdx/s1600/asu.jpg)
Ingkang kinurmatan bapak saha ibu guru ingkang sampun rawuh wonten acara menika. Sepindah mangga langkung rumiyen kula lan panjenengan uga puja lan puji syukur dhumateng ngersaning Allah SWT. Ingkang paring rahmat saha hidayahipun. Sumangga saged jumeneng wonten papan mriki.
Kaping kaleh kula ngaturaken
sholawat saha salam dhumateng junjungan kita sedanten Nabi Muhammad SAW.
Ingkang sampun paring pituduh ingkang sae inggih menika kalampahan ingkang diridhoi
Allah.
Bapak saha ibu guru ingkang
kinurmatan, salejengipun wonten peringatan Isro’ Mi’jro menika. Langkung
saenipun kula panjenengan mangertosi napa ingkang dhipun pikantuk kanjeng Nabi
Muhammad SAW. Panjenengan sedanten saged ngelampahi Isro’ Mi’jro Nabi Muhammad
nampi wahyu saking Allah kapurih ngelampahi sholat gangsal wekdal.
Bapak saha ibu ingkang kinurmatan
langkung penting maleh napa tujuanipun sholat menika ingkang kedhah kita
sami-sami mangertosi sumangga kita saged ngelampahi kanthi khusuk langkung
jelasipun mangga kita perhatosaken firman Allah SWT ingkang artosipun
jumenengno sholat. Sejatinipun sholat menika nyegah lelampahan keji lan
mungkar.
Salejengipun kagem nutup unian
pidato menika mangga saha langkung rumiyen nyuwun donga dhumateng Allah
mugi-mugi napa ingkang kita lampahi sholat lan sedanten ibadah kita dipun
ridho’I wonten donyo lan akhirat. Wasana cekap sementen nyuwun angenging
pangapunten mbok mbilih wonten kalepatan.
Wassalamualaikum wr.wb